Pembawa Acara Karang Taruna Bahasa Jawa - ndelet.com
Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pembawa Acara Karang Taruna Bahasa Jawa



Sebelumnya kita telah belajar tentang TEKS PEMBAWA ACARA / MC KARANG TARUNA. Nah kali ini kita akan belajar menjadi pembawa acara karang taruna tetapi memakai Bahasa Jawa.

Nah silahkan jadikan teks dibawah ini untuk referensi belajar.

Assalamu’alaikum wr.wb.

ALHAMDU LILLAAHI RABBIL ‘AALAMIIN, WA BIHI NASTA ‘IINU ‘ALAA UMUURID DUN-YAA WAD DIIN, WASH SHALAATU WASSALAAMU ‘ALAA ASYRAFIL AN BIYAA-I WAL MURSALIIN, SAYYIDINAA WA MAULAANAA MUHAMMADIN WA ‘ALAA AALIHII WA SHAHBIHI AJMA ‘IIN, AMMAA BA’DU.

Kawula nuwun.  Ingkang kinurmatan, Mas Muhammad Sodiqin, Mbah Kasri kalian Ibuk, sekalian keluarga selaku tuan rumah kempalan Karang Taruna Dusun Klego, Ingkang kinurmatan. Poro rawuh Kakung sumowono Putri, ikang kanurmatan ugi. Para kadang Muda Werdo, ingkang kaula trisnani.


Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani, sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya, dalasan kula saged hangrawuhi kempalan rutin Musyawarah utawi rapat rutin Karang Taruna Dusun Klego punika. Monggo kita sareng-sareng maos, bi khoulina ... Allhamdulilahi Robil alamin.

Kaping kalihipun, salawat salam mugi tansah dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, mangga kita haturaken shalawat, ( Allahumma shalli wa sallim ‘ala Muhammad wa ‘ala ali Muhammad). Mugi-mugi kanhti Salawat punika kita sedaya keparing safaat benjang ing yaumil kiamah. Amin Allahuma ... Amin.

Para kadang Muda Werdo, ingkang kaula trisnani. Kaula ingkang jinejer pinangka pranata cara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara.

1. Sapindah pambuka.
2. Kalajengaken adhi cara kaping kalih, tanggap wacana.
     1. Tanggap wacana kaping pisan, saking Kang Mas............................, selaku tuan rumah.
     2. Kaping kalih ipun Kang Mas ................................, selaku ketua Karang Taruna.
     3. Kalajengaken tanggap wacana ingkang nomor tiga, saking Kang Mas ........................... selaku bendahara Karang Taruna.
3. Tuwin adhi cara ingkang nomor tigo punika, istirahat.
4. Kaping  sekawan ipun musyawarah rembuk, ingkang badhe dipun moderatori kalian Kang Mas ..........................
5. Adhi cara nomor gangsal, inggih punika penutup. Ingkang bahde dipun doai kalian Kang Mas ......................................
_______

Sumangga ing adicara Musyawarah utawi Rapat rutin Karang Taruna Dusun Klego punika, kawiwitan kanthi maos Basmalah ... Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah, sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

*Adhi cara ingkang selajeng ipun, ingkang nomor kalih inggih punika, tanggap wacana.

     • Tanggap wacana  kaping pisan, saking Kang Mas .........................., selaku tuan rumah. Kasumanggakaken. Mangga.
   
     (Acara ...)
   
Matur semba nuwun, mugi-mugi sedaya ingkang dipun sediaaken, wekdal, papan panggenan, daharan saha unjuan. Dados amal ingkang sae dumatheng Kang Mas ................ lan keluarga. Amin, Allahuma ... Amin


     •  Tanggap wacana ingkang nomor kalih ipun, saking Kang Mas ....................., selaku ketua Karang Taruna. Kusumanggakaken. Mangga.

      (Acara ...)

Matur semba nuwun dumatheng Kang Mas ..................... selaku ketua Karang Taruna tanggap wacana ipun. Mugi dados perhatian kita sedaya. Amin.

     • Kalajengaken tanggap wacana nomor tiga, saking Kang Mas ................., selaku bendahara Karang Taruna Dusun ............... Kusumanggakaken. Mangga.
   
     (Acara ...)

Matur semba nuwun dumatheng Kang Mas ................., selaku bendahara Karang Taruna, Mugio sageta dados perhatian kita sedaya, mengenai saldo wonten ing Karang Taruna.

*Acara kaping tiga inggih punika istirahat.
Mangga acara istirahat punika kita wiwiti khanti waosan basmalah. Bismillahirrohmanirrohiim.

(Acara ...)

Alhamdulillah hirobhil alamin, amargi wekdal sampun sak antawis ndalu, mangga kita lajengaken adhi cara punika.

*Kalajengaken adhi cara nomor sekawan, ingkang kita sedaya tengoh-tengoh. Inggih punika musyawarah rembuk, ingkang badhe dipun moderatori kalian Kang Mas .... Kusumanggakaken. Mangga.

(Acara ...)

Alhamdulillah hirobhil alamin, mugia usulan-usulan musyawarah rembuk punika kita sedaya saget nglaksanakaken, lan sageta maringi kita perubahan, terutama nipun ing lingkungan Karang Taruna Amin ... Allahuma. Amin.

Terakhir utawi pamungkas, dipun suwuni doa kalian Kang Mas ....

*Kanhti pari purna nipun musyawarah rembuk utawi rapat rutin Karang Taruna Dusun ........ punika, kita wonten ing pungkasan adhi cara. Mbok bilih wonten kelepatan, Kula nuwun agunging samudera pangaksami dumateng panjenengan sedaya. Monggo kita akhiri kanhti ucapan, Allhamdulilahi Robil alamin.

Wassalamu'alaikum Wr,Wb.




Itulah sedikit referensi untuk Pembawa Acara Karang Taruna Bahasa Jawa. Yang terpenting kita mau berusaha dan mencoba agar bisa lancar.
Selamat Belajar.